Cerita lucu : Kecurigaan pada sebuah foto di laci

Meneruskan ada sebuah cerita yang cukup menghibur, didapatkan dari teman melalui share WA

*guyonan isuk isuk nyambi sarapan*

Bengi iku Tarjo kencan neng omahe Susi. Tekan omahe Susi , Tarjo lingguh kursi karo ngrogoh sak (saku) celono jupuk rokok

TARJO : Dik Sus, sampean duwe korek.......
(Tarjo duwe rokok gak duwe korek)

SUSI : enek mas, sampean golek'i neng njero laci lemari

(Tarjo golek'i korek malah nemu fotone wong lanang sing awak'e gede, Brengose kandel, Tarjo penasaran karo foto wong lanang iku jur takon marang Susi )

TARJO : Dik Susi, iki opo fotone mantanmu biyen
(cemburu tingkat RT)

SUSI : ora mas

TARJO : opo foto kuwi calon bojomu
(cemburu tingkat kecamatan)

SUSI : ora mas, sampean kan sing bakalan dadi bojoku

TARJO : Kuwi mesti fotone Mas mu yo, mergo rupane mirip sampean
(cemburu tingkat kabupaten)

SUSI : di kandani ora kok mas

TARJO : lha terus iku fotone sopo?

SUSI : (nyedak'i Tarjo  njur njaluk pangku)
Nek tak kandani foto kuwi, sampean janji ora bakal nesu

TARJO : aku janji ora bakalan nesu dik Sus..

SUSI : (di pangku Tarjo karo ngelus ngelus rambute)
Iku ngono fotoku biyen sak durunge operasi mas.....

(Tarjk tibo soko kursi, njur kejet kejet ayan'ne kumat). 😂😝😜😜
Semangat dan kompak selalu!!


Support Blog ini dengan berkunjung dan berbelanja online di situs https://www.lapakdigital.web.id, klik disini Informasi Produk Digital, produk rumahan, peluang usaha online